Upacara
tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki
isih kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung
sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake
mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas
supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga mbesuke bisa dadi
anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep diandharake tata cara
upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.
Upacara
tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing
acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane
Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga–muga ing tembe jabang bayi
kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman, Ana ing upacara
siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon
ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga teparo kang
bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu). Banyu kang diwadhahi ing
kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi
ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”
Ing
upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu,
kang urut-urutane:nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris,
parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana
adicara nigas janur kuning.
Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise
nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas
muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing kene
ana werna loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa
kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping
pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa
Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau
urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa
tata, mula ora mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau
minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.
(Kabesut saking: Sempulur No. 07/ 11/ 2003/ Heni TH)
MANEKA WARNA UPACARA MLIGI KANGGO MIMBUHI KAWRUH BAB UPACARA NINGKAH CARA JAWA
Ing bab ningkah
cara Jawa, ana sawetara pakulinan mligi kang katindakake, gayut karo kang
diningkahake. Dheweke iku statuse ana ing kulawarga kepriye. Upamane: randha
apa dhudha, anak barep apa wuragil, nglangkahi, lan liya-liyane. Upacara mligi
kang sok-sok ditindakake upamane:
Upacara
Bubak Kawak
Upacara bubak kawak iki katindakake nalika ijabe anak
barep. Upacara panggih tetep dianani. Mung wae ing kene bapakne manten putri
ngombe rujak degan. Sawise ibune manten putri menehi rujak marang bojone lan
banjur diombe, tumuli nakoni: “Apa rujake kurang enak?” Diwangsuli: “ Rasane
enak lan seger!” Rujak mau banjur diwenehake marang kang wadon maneh, supaya
melu ngicipi. Sawuse ngrasakake nuli kandha: “ Pancen nyata rujak degan iki
enak lan seger”. Sabanjure rujak mau diwenehake marang manten sakloron supaya
padha ngicipi.
Upacara
Tigas
Upacara tigas iki mung mligi ditindakake ana ing akad
nikah antarane jaka lan prawan lan tetep nganggo upacara Panggih.
Upacara
Langkahan
Upacara langkahan iki katindakake manawa calon
manten putri anggone ningkah luwih dhisik katimbang kakangne kang durung
ningkah. Sadurunge akad nikah, calon manten putri kudu jaluk idin marang kakangne
kang dilangkahi. Tumindake bab iki lumrahe diwiwiti sadurunge midadareni.
Jalaran upacara iki asipat mirunggan, mula lumrahe mung sineksenan dening
kulawarga. Biyen upacara iki ditindakake ing sangareping senthong utawa kamar
tengah, nanging samengko iki katindakake ing kamar manten.
Sadurunge upacara langkah katindakake, kakangne utawa
bakyune siyaga nganggo dandanan jawa lan lungguh sila utawa timpuh ing papan
kang wis dicawisake. Dene urut-urutane tumindak mangkene:
1. Calon manten ngadhep kakang utawa mbakyune kanthi
lungguh timpuh lan nuli nyembah sinambi kandha utawa ngomong: “Kangmas utawa
mBakyu, kula nyuwun idin badhe ngrumiyini lumampah, saha nyuwun pangestu,
mugi-mugi lampah kula kekalih samangke dumugi papan kang kula sedya lan
manggih seneng, tinebihna ing rubeda sambekala, Amin.”
2. Sawise ngucap mangkono mau, nuli calon manten
sungkem karo ngambung dhengkule tengen dikantheni niat utawa sedya kang tandhes
temenan. Kangmase utawa bakyune nampa sarana numpangake tangane ana ing
pundhake kiwa tengen adhine sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa
tengen adhine sinambi mangsuli: “ Dak paring idin lan palilah lumakua dhisik,
slamet ora kurang sawiji apa, tekan papan kang kok tuju. Muga-muga Gusti Kang
Maha Agung tansah maringi seneng ing sapandhuwure lan aku enggal nututi. Amin.”
Nuli calon manten lungguh maneh ing papan sekawit banjur masrahake sanggan kang
wujud: pisang raja, kembang telon lan benang lawe sarta tali asih utawa tandha
mata, bisa wujud apa wae.
Upacara
Tumplak Punjen
Upacara tumplak punjen lumrahe ditindakake nalika
wektu ijab kanggo anak wuragil. Sarat-sarat kudu dicukupi ing upacara tumplak
punjen iki yaiku gawe kanthongan-kanthongan cilik kang nuli diiseni: dhuwit
receh utawa logam, empon-empon, beras kuning, lan kembang sritaman. Ngenani
akehe dijumbuhake karo kekuwatane. Kabeh kanthongan cilik-cilik mau
dicemplungake bokor kang uga isine padha karo kanthongan cilik-cilik mau.
Sabanjure kanthongan-kanthongan cilik mau didum-edumake dening ibune manten
maranng anak-anake kabeh, wiwit saka kang barep tekan wuragil kang bakal dadi
manten. Turahane diwenehake marang para tamu. Sabanjure wiji-wiji kang ana ing
bokor siyaga kasebar kanggo putu-putune kareben ora ana kang keri. Upacara
tumplak punjen iki ditndakakake sadurunge upacara sungkeman. Persise sawise
upacara kacar-kucur utawa tampa kaya lan sadurunge wong tuwane manten kakung
dipethuk.
Upacara
Macul Tumpeng
Upacara macul tumpeng iki katindakake wektu ijab
antarane sedulur misan utawa nunggal embah buyut lan manut sarasilah manten
wadon luwih tuwa katimbang manten kakung.Tumindake kudu di dhisiki nganggo
sarat manten kakung macul tumpeng, sabanjure kanthi ngadeg nrajang benang lawe.
Upacara iki ditindakake sadurunge upacara panggih.
Suwalike menawa manut salasilah, manten kakung luwih
tuwa katimbang manten putri, mula manten kakung ora kudu macul tumpeng,
ananging cukup srana nrajang bolah lawe wae. Sawise iku ditindakake upacara
panggih.
Upacara
Nyiram Bugel
Nalika
sajroning nindakake akad nikah mantene wadon wis randha, nanging durung duwe
anak ( randha kembang) sarat kang kudu dilakoni yaiku manten kakung nyiram
bugel, yaiku kayu kang wis diobong kanggo olah-olah lan isih mengangah ( ana
genine). Upacara iki katindakake ing sangarepe lawang, sadurunge upacara panggih.
Suwalike Manawa kang nindakake ijab antarane prawan karo dhudha durung
anak-anak, kang nindakake nyiram bugel manten putri, uga ana ngarep lawang
sadurunge upacara panggih.
Prasetyono,
Dwi Sunar. 2003. Tata Cara
Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta.Yogyakarta: Absolut
Download Filenya di
http://www.ziddu.com/download/21284160/UPACARATINGKEBAN.doc.html
0 komentar:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !